DRAMA MALIN KUNDANG
Sakwijining desa Suka Maju, ana
pemuda sing arane Malin Kundang. Dewekke urip bareng ibune, nanging bapake
sampun seda.
Ibu :”Malin,
yen kayu bakare wes kumpul kabeh, langsung diwenehke marang Bu Ratih ya, men dina iki dewe bisa masak.”
Malin :”Inggih
bu. Bu menapa Bapak mboten maringi warisan kangge piyambak bu?. Dewe dadi
kasusahan saiki.”
Ibu :”Bapak
kuwi sedo ora ana rencanane. Bapakmu kuwi seda amarga tabrakan.”
Malin :”Nanging
bu, menawi bapak ninggalipun prau utawi becak, kula saged golek arto bu.”
Ibu :”Wes
to le lakoni wae.”
Malin :”Bu,menawi
kula merantau pripun bu?.”
Ibu :”haa?ojo
le,ibu kuatir yen kowe lunga terus ibu neng kene karo sopo?.”
Malin ndelok ibune
karo bingung, Sesuke Malin takon maneh marang ibune arep lunga merantau.
Malin :”Bu,
kula badhe merantau ing kota yo bu. Sapa ngerti, kula saged kepareng pakaryan
kangge panguripan piyambak.”
Ibu :”Kowe
wes yakin? Ngluru kerja neng kota luwih angel tinimbang luru kerja neng desane
dewe iki.”
Malin :”Kula
sampun yakin bu, nyuwun restunipun.”
Ibu :”Yo
wis lah, sakarepmu yen kuwi wes dadi tekadmu. Ibu mung bisa ndongakke.”
Malin :”Njeh
bu, maturnuwun.”
Ibu :”iyo
le.”
Sesukke Malin lan Ibune ono ing
pelabuhan.
Ibu :”Malin,
ati-ati yo le, ojo lali sholat, kirim kabar, men ibu ora kuwatir.”
Malin :”Inggeh
bu,”
Malin
mangkat nganggo prau. Neng tengah laut,
teka angin lan ombak gedhe, sing gawe prau sing ditumpakki Malin ancur lan kedampar
ing sawijining desa. Sakwise pengawal lan Cahaya, sing anake wong sugih weruh
Malin sing kedampar.
Cahaya :”Pengawal, opo kuwi?Kaya ana sing aneh.”
Pengawal:”Wonten pundi Ndoro Putri?”
Cahaya :”Kuwi neng kono neng cedak watu.”
Pengawal:”Inggeh leres, wonten prau
ten pinggir laut monggo mirsani ndoro putri.”
Cahaya :”yo.”
Pengawal:”Ndoro, ten mriki wonten
tiyang semaput.”
Cahaya :”Iyo, ketokke nelayan, mending digowo neng omah wae.”
Singkate Malin tekan omahe Cahaya,
lan kenalan karo Bapakke Cahaya. Sakwise kenalan kuwi, Malin didadekke karyawan
ing omahe lan dadi akrab karo Cahaya, nganti tresno karo Cahaya.
Malin :”Cahaya,
aku arep ngomong karo kowe.”
Cahaya :”Ngomong opo to mas?”
Malin :”e…e…e…”
Cahaya :”Opo mas?Kok gugup?”
Maln :”Sak
benere aku iki tresno karo awakmu.”
“Kok anteng?gelem to dadi bojoku?”
Cahaya :”E… Gelem mas, aku juga tresno karo panjenengan.”
Malin lan Cahaya nikah lan urip
seneng nganti lali karo janjine marang Ibune seng neng desa. Sakwise nikah karo
Cahaya, Malin kerja dadi karyawan mertuane. Ora sengojo prau nyandar neng desa
Suka Maju panggonane dewekke lan ibune urip. Malin lan Cahaya jalan-jalan neng
pesisir dijaga karo pengawale.
Cahaya :”Nggone penak yo mas? Aku dadi kepengen urip neng kene.”
Malin :”Arep
ngopo neng kene? Neng kono wes ayem kok, podo wae apik, mung awakmu wae sing durong
tau mrene, dadine ngrasa apik.”
Cahaya :” Inggeh mas, kula manut panjenengan.”
Pengawal:”Ndoro , kula badhe ten
wingking rumiyen.”
Cahaya :”Yo, kono!.”
Neng
tengah ndalan pengawal dicegat karo Ibu Ratih.
Bu Ratih :”Pak, pak. Kula badhe tanglet”
Pengawal :”Tanglet nopo bu?”
Bu Ratih :”Tiyang niku asmanipun Malin napa sanes?”
Pengawal :”Inggeh leres, wonten nopo bu?”
Bu Ratih :”Mriki nderek kula.”
Bu
Ratih narik pengawal nemoni Ibune Malin.
Bu Ratih :”Mak, mak, mak, ana anakmu Malin, iki aku gawa pengawale.”
Ibu :”Malin?
Neng endi? Aku wes kangen banget karo anakku.”
Bu Ratih :”Neng pesisir, simak dandan wae tak enteni.”
Ibu :”Iya-iya.”
Ora
let suwi, simak metu nganggo klambi anyar.
Ibu :”Piye,piye?wes
ayu opo durung?”
Bu Ratih :”wis wis, Mak”
Ibu :”Iya
bener. Ayo langsung mrono wae.”
Pengawal:”Niku Malin bu, tasih
mlampah kalih garwane.”
Ibu :”Malin
Ya Allah Malin, kowe wes sukses,. Alhamdulillah.”
Malin :”Sampeyan
ki sopo?”
Ibu :”aku
ibumu, Sing nglairke kowe.”
Malin :”Ibu?Ibuku
sampun sedo,mbah,”
Ibu :”Astagfirullahal’adzim…,
Nyebut lee Ya Allah.”
Cahaya :”Iku sapa mas?,menawi pancen leres,punapa mboten ngaku mawon
mas?”
Malin :”Ora
ngerti aku,ngaku-ngaku dadi ibuku.Wes ora usah diurusi.Ayo lunga wae.”
Ibu :”Malin,
Malin iki aku Ibumu nak!Ibumu sing nglairke kowe,seng nggedekke kowe le!”
Malin :”Mbah,
sampun mbah, Ibuku sampun sedo!”
Ibu :”Malin!.
Durhaka kowe!Malin!Malin! Ya Allah, siji-sijine anakku kaya kuwi?.Aku sing nglairke,
sing nggedekke kowe le!Paringi Malin balesan-Mu ya Allah,Malin pancen anak durhaka!Durhaka
kowe Malin!”
Moro-moro, ana badai gede banget,
angin kenceng banget, kilate nyamber-nyamber.
Malin :”
Ana apa iki? Cahaya kowe lunga sek!”
Cahaya :”inggeh, inggeh mas.”
Temu-temu
ana kilat nyamber Malin.
Malin :”
arrrgghhhh”
Malin langsung ke ubah dadi watu.
XI IPA 1
Sman 2
pekalongan
item semua tuh
BalasHapuskontol cok
BalasHapusGajelaa
BalasHapusMakasih
BalasHapus